Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 57:17-21 Kitab Sutji (JAV)

17. Ingsun duka marga saka durakaning srakahe,banjur Sunrangket, Ingsun nyingidake pasuryaningSun lan duka,nanging dheweke banjur murtad,lumaku ing dalan kang dadi pilihaning atine.

18. Ingsun wus nguningani sakehe dalane iku,ewasamono bakal Sunmarekake lan bakal Suntuntuntuwin bakal Sunpulih-pulihake atine kalawan panglipur;uga ana ing lambene wong-wonge kang padha prihatin

19. Ingsun bakal karya pepujian.Tentrem, tentrem rahayu marangwong kang adoh lan kang cedhak-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --sarta kang bakal Sunwarasake!

20. Nanging para wong duraka iku kaya sagara kang ngombak-ombakamarga ora bisa lestari tentrem,sarta iline ngumbulake rereged lan endhut.

21. Wong duraka iku ora kadunungan katentreman,”mangkono pangandikane Gusti Allahku.

maca bab lengkap Yesaya 57