Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 57:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Wong bener tiwas,lan ora ana wong siji-sijia kang maelu;wong mursid padha kajabut nyawane,tuwin ora ana wong siji-sijia kang mreduli;sanyata, marga saka sumrambahe piala,nyawane wong mursid kajabut,

2. nanging banjur lumebu ing papaning katentreman;wong kang urip kalawan ati kang lurusbakal oleh palereman ana ing paturone.

3. Nanging sira kabeh iku padha nyedhaka mrene,he para anake wong wadon juru tenung,he turune wong kang laku jinalan wong wadon tunasusila!

4. Sira padha nganggo gegojegan sapa,sapa kang padha sira celathoni kalawan tetembungan kang ora-oralan kang sira erang-erang iku?Apa sira kabeh iku dudu anaking wong mbalela,turuning wong cidra?,

5. he para wong kang padha kaobong dening hawa-nepsune ana ing sacedhake wit-wit kang kramat,ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel,he para wong kang nyembeleh bocah ana ing lebak-lebak,ing sela-selaning tengger parang.

maca bab lengkap Yesaya 57