Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 56:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:Sira padha netepana angger-angger lan njejegna kaadilan,awit sadhela engkas karahayonkang saka Ingsun wus bakal teka,sarta kaadilaningSun bakal kalairake.

2. Rahayu wong kang nglakoni,lan anaking manungsa kang nggondheli iku,kang netepi dina Sabat lan ora dinajisake,sarta kang mekak awake aja nganti nindakake sadhengaha piala.

3. Aja nganti wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah iku celathu:“Pangeran Yehuwah mesthi bakal misah aku saka umate,”sarta aja nganti wong kebiren muni:“Aku iki satemene wit kang garing.”

4. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Para wong kebiren kang padha netepi dina-dina SabatingSunlan kang padha milih apa kang Sunkarsakakesarta kang gondhelan marang prajanjianingSun,

5. iku ana ing padalemaningSunlan ana ing wewengkoning tembok-tembokingSunbakal Sunparingkae tandha pengetan lan jeneng-- iku luwih becik katimbang karo anak lanang utawa wadon, --sawijining jeneng kang langgeng kang ora bakal sirnabakal Sunparingake marang wong-wong iku.

maca bab lengkap Yesaya 56