Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 55:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Wong duraka kareben ninggal dalane,lan wong ala cikben ninggal pangrantame;kareben mratobat marang Sang Yehuwah,mesthi bakal kaparingan sih-palimirma,sarta marang Gusti Allah kita,sabab Panjenengane bakal ngluberake pangaksamane

8. Awit rancanganingSun iku dudu rancanganira,lan dalanira iku dudu marginingSun,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

9. Amarga sapira dhuwure langit saka ing bumi,iya samono dhuwure marginingSunsaka ing dalanirasarta rancanganingSun saka ing rancanganira.

10. Sabab kayadene udan lan salju anggone tumurun sakal ing langitlan ora bali mrono, nanging banjur mbanyoni bumi,gawe subure lan njalari thukule tetuwuhan,aweh wiji marang kang nyebarlan roti marang wong kang gelem mangan,

11. iya mangkono pangandikaningSun kang miyos saka ing tutukingSun:ora bakal bali marang Ingsun kanthi nglaha,nanging iku bakal nindakake apa kang Sunkarsakake,sarta bakal oleh gawe tumrap apa bae kang Sundhawuhake.

12. Lah sira bakal padha mangkat kalawan bungahlan bakal kaeterake kalawan tentrem;gunung-gunung lan tengger-tengger bakal padha gambiralan surak-surak ana ing ngarepira,lan sakehing wit-witan ing ara-ara bakal keplok-keplok.

13. Minangka gantine grumbul eri bakal thukul wit beros,tuwin minangka gantine kecubung bakal thukul wit jambu keling;iku bakal kelakon minangka srana kang njalari misuwuring Yehuwah,minangka tandha langgeng kang ora bakal sirna.

maca bab lengkap Yesaya 55