Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 54:8-13 Kitab Sutji (JAV)

8. Ing sajroning dukaningSun kang bangetIngsun wus ngaling-alingi wedananingSun marang sira sadhela,nanging marga saka sih-susetyaningSun kang langgengIngsun wus ngatingalake sih-piwelasingSun marang sira,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusira.

9. Kaanan iku tumrap Ingsun kaya ing jamane Nuh:kayadene anggoningSun wus supaos marang dhewekemanawa banyu ora bakal nutupi bumi maneh,mangkono uga Ingsun iya wus supaosmanawa Ingsun ora bakal duka maneh marang siralan ora bakal mbendoni sira maneh.

10. Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalihlan tengger-tengger padha gonjing,nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing siratuwin prajanjian-karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih-palimirma marang sira.

11. He wong kang katindhes, kang katempuh ing prahara, kang ora oleh panglipur!Lah Ingsun bakal masang tetalesira kalawan watu itemtuwin dhasar-dhasarira kalawan sesotya manila.

12. AnggoningSun yasa ndhuwuring tembok-tembokira kalawan sesotya dlima,gapura-gapuranira kalawan sesotya manikem abangsarta kabeh tembok-tembok wates kalawan watu adi.

13. Anakira kabeh bakal padha dadi siswaning Yehuwah,tuwin bakal kadunungan karahayon gedhe;

maca bab lengkap Yesaya 54