Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 54:11-17 Kitab Sutji (JAV)

11. He wong kang katindhes, kang katempuh ing prahara, kang ora oleh panglipur!Lah Ingsun bakal masang tetalesira kalawan watu itemtuwin dhasar-dhasarira kalawan sesotya manila.

12. AnggoningSun yasa ndhuwuring tembok-tembokira kalawan sesotya dlima,gapura-gapuranira kalawan sesotya manikem abangsarta kabeh tembok-tembok wates kalawan watu adi.

13. Anakira kabeh bakal padha dadi siswaning Yehuwah,tuwin bakal kadunungan karahayon gedhe;

14. sira bakal kajejegake ing kabeneran.Sira bakal ingedohake saka ing panganiaya,mulane sira ora susah wedi maneh,tuwin sira bakal adoh saka ing pagiris,sabab iku ora bakal nekani sira.

15. Manawa ana wong kang nempuh sira,iku ora saka Ingsun;sapa bae kang nempuh sira,iku bakal ambruk marga nglawan sira.

16. Lah Ingsun kang nitahake pandhe kang ngububi genituwin ngrampungkae gegaman manut kabisane,nanging uga Ingsun kang nitahake juru panumpeskang Sunagem numpes.

17. Saben gegaman kang digemblengarep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama,sarta saben wong kang nandukake pandakwa marang siraana ing pangadilan bakal sira buktekake manawa salah.Iya iki kang bakal dadi pandumanepara abdine Pangeran Yehuwahtuwin kabeneran peparingingSun,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Yesaya 54