Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 53:6-12 Kitab Sutji (JAV)

6. Kita padha nglambrang kayya wedhus,dhewe-dhewe kang kita ener,ewadene Pangeran Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane.

7. Panjenengane kinaniaya,nanging kendel bae sajrone katindhes ikulan ora mbikak tutukekaya cempe kang katuntun menyang ing pasembelehan;kaya wedhus kang ora nywara ana ing ngarepepara wong kang padha ngguntingi wulune,kaya mangkono anggone ora mbikak tutuke.

8. Sawuse katahan lan kaukum Panjenengane nuli kaluwaran,lan sapa kang mikir marang nasibe?Panjenengane sanyata wus kapethalsaka ing nagarane para wong urip,tuwin marga saka pambalelaning umatingSunPanjenengane kena ing ipat-ipat.

9. Pasareane kapapanake ing satengahe para wong duraka,lan anggone seda ana ing satengahe para durjana,sanadyan Panjenengane ora nindakake kekerasantuwin tutuke ora kadunungan cidra.

10. Nanging Pangeran Yehuwah karsa ngremuk tuwin damel gerahe Panjenengane.Samangsa Panjenengane wus masrahake sarirane minangka kurban panebusing dosa,bakal mirsani tedhak turune,yuswane bakal panjang,sarta karsaning Yehuwah bakal tumindaksarana astane.

11. Sawuse nyawane nandhang sungkawaPanjenengane bakal mirsani pepadhang nganti tuwuk;tuwin AbdiningSun iku, sarehne wong bener,bakal ngleresake wong akeh kalawan kawicaksanane,lan ngrembat pialane wong-wong mau.

12. Awit saka iku bakal Sunparingi panduman wong-wong kang luhur minangka bandhangan,tuwin bakal tampa wong-wong kang santosa minangka jarahan,yaiku pikolehe anggone wus masrahake nyawane marang patilan marga saka anggone kagolongake wong mbalela,sanadyan Panjenengane nanggel dosane wong akehlan ndongakake para wong kang mbalela.

maca bab lengkap Yesaya 53