Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 53:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Sapa kang ngandel marang pawarta kang padha dakrungu,lan sapa kang kawedharan astaning Yehuwah kang kwaos iku?

2. Panjenengane iku thukul kaya trubusan ana ing ngarsaning Yehuwah,tuwin kaya semen saka ing lembah garing.Ora bagus ing warna lan ora kagungan kaendahankang njalari kita banjur padha nyawang,sarta ora kagungan rupi, kang menginake kita.

3. Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong,sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaransarta kulina nandhang gerah;banget anggone karemehake,nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsanetuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.

4. Mangka sanyatane lelara kita kang disanggilan kasangsaran kita kang dirembat,ewasamono kita padha ngira Panjenengae iku kena ing ipat-ipat,kagebag tuwin katindhes dening Gusti Allah.

5. Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela,Panjenengane karemuk marga saka piala kita;ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane,sarta marga saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras.

maca bab lengkap Yesaya 53