Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 51:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Padha ngrungokna Ingsun,he sira kang padha sumurup marang ing kabeneran,he bangsa kang nyimpen piwulangSun ana ing sajroning atinira!Aja padha wedi manawa padha kawewada dening manungsalan aja padha kaget manawa kaala-ala.

8. Amarga iku bakal padha kapangan ing renget kaya anggone mangan sandhangantuwin bakal padha kamangsa ing singgat kaya anggone mangsa lawon wulu wedhus gembel,nanging karahayon kang saka Ingsun bakal lestari ing salawas-lawasesarta pangluwaran peparingingSun bakal tetep turun-tumurun.

9. Kawula aturi wungu, kawula aturi wungu! Kawula aturi ngagem kakiyatan,dhuh astanipun Pangeran Yehuwah!Mugi karsaa wungu kados ing jaman kina,ing jamanipun para leluhur kala rumiyin!Punapa sanes Paduka ingkang ngremuk Rahab,ingkang nyuduk naga ngantos pejah?

10. Punapa sanes Paduka ingkang ngasataken seganten,toyaning samodra ageng ingkang ngedab-edabi?ingkang ndadosaken margi seganten ingkang lebet,supados para tiyang ingkang kaluwaran sami saged nyabrang?

11. Para tiyang ingkang sami kaluwaran dening Sang Yehuwah sami badhe saged mantuktuwin lumebet ing Sion kanthi asurak-surak,kalayan linimputan ing sukarena ingkang langgeng;kebak kabingahan lan kagirangan,tinebihan ing kasisahan saha pangresah.

12. Ingsun, iya Ingsun kang nglipur sira kabeh.Sapa ta sira iku, dene kok wedimarang manungsa kang pancen bakal mati,marang anaking manungsa kang kabuwang kaya suket,

13. nganti sira lali marang Pangeran Yehuwah kang nitahake sira,kang njereng langit lan nalesi bumi,kok nganti sira sadina-dina tansah gumeterwedi marang bangeting nepsune wong kang nganiaya iku,kang rumanti arep nyirnakake?Endi ta mulad-mulading nepsunewong kang nganiaya iku?

14. Wong kang kabelok lan kablenggu bakal enggal kaluwaran;ora bakal mati lan tumurun ing luwangan pakuburna,sarta ora bakal kekurangan pangan.

maca bab lengkap Yesaya 51