Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 50:5-11 Kitab Sutji (JAV)

5. Pangeran Allah wus ngwengakake talinganingSunlan Ingsun ora mbangkang,ora mengo memburi.

6. Ingsun masrahake gegeringSun marang wong-wong kang padha nggebugi Ingsun,lan pipiningSun marang wong kang padha mbubuti jenggotingSunIngsun ora nutupi wedaningSunnalika Ingsun diwewirang lan diidoni.

7. Nanging Pangeran Allah banjur mitulungi Ingsun;mulane Ingsun ora kawirangan.Mulane Ingsun ngiyatake panggalihingSunkayadene santosaning gunung parangawit Ingsun uninga, manawa ora bakal kawirangan.

8. Panjenengane kang ngleresake Ingsun wus celak.Sapa kang wani padudon kalawan Ingsun?Ayo padha maju bebarengan!Sapa kang prakaran kalawan Ingsun?Iku kareben marani Ingsun!

9. Pangeran Allah nyata-nyata mitulungi Ingsun;sapa kang wani ngarani Ingsun luput?Lah iku kabeh bakal padha dadi elek kaya sandhangan kang wus lungset;bakal padha kapangan ing renget.

10. Sapa panunggalanira kang wedi asih marang Pangeran Yehuwahlan ngrungokake swaraning Abdine?Manawa dumunung ing pepetenglan ora kasorotan ing cahya,cikben pracaya marang asmane Sang Yehuwahtuwin sumendhe marang Gusti Allahe!

11. Lah sira kabeh kang padha ngurubake genilan kang padha masang panah murub,padha lumebu ing urubing geninira,lan ing satengahing panah-panahmurub kang wus padha sira pasang!Bab iku bakal tumanduk marang sirasaka ing astaningSun;sira bakal padha ngaleleh ana ing papan pasiksan.

maca bab lengkap Yesaya 50