Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 5:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. Bakal Sundamel supaya kathukulan ing rerungkudan,ora dipaprasi lan ora dibabadi,satemah kathukulan piskucing lan suket;Ingsun bakal paring dhawuh marang mendhung,supaya aja nurunake udan marang pakebonan iku.

7. Amarga pakebonane anggur Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitahiku turune Israel,lan para wong Yehudaiku tetanduran kang diremeni;kang diajeng-ajeng kaadilan,nanging kang ana mung tindak ambek siya,kang diantos-antos kabenerannanging kang ana mung kaonaran.

8. Bilai wong kang ndhaku omah siji lan sijinesarta kang ngebeki pategalan siji lan sijine,nganti ora ana papan maneh kanggo wong liyatuwin mung kowe dhewe kang manggon ing nagara kono!

9. Kupingku krungu pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah:“Lah bakal akeh omah kang dadi sepi mamring;omah kang gedhe-gedhe lan kang becik-becikbakal ora ana kang ngenggoni.

10. Sabab pakebonan anggur kang ambane padha karo wlukon sapuluh dinapametune anggur mung sa-bat;tuwin winih sa-homerpametune gandum mung sa-efa.”

11. Bilai para wong kang tangi esuklan banjur golek inuman keras,sarta lelinggihan nganti ing wayah bengi,kanthi ngangetake awake kalawan anggur!

12. Clempung lan slukat, trebang lan suling,apadene anggur tinemu ana ing pajagongane wong-wong mau,nanging ora padha nggatekake marang apa kang katindakake Sang Yehuwah,sarta ora mawas marang pakaryane Sang Yehuwah.

13. Mulane umatingSun bakal kagawa marang ing pambuwanganawit ora ngreti apa-apa;wong kang mulya bakal padha mati kaliren,tuwin wong akeh bakal padha kasatan.

14. Awit saka iku jagading wong mati bakal ngangapake gorokane amba bangetlan bakal ngangapake cangkeme tanpa wangenan,satemah sakehe kamulyan lan karameane Yerusalem,sakehe swara gumerah tuwin para wog kang suka-suka ana ing kutha kono bakal padha sirna ambles.

15. Manungsa banjur bakal kadhingklukake,lan wong bakal kaesorake,para wong gumunggung uga kaesorake.

16. Nanging Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal kacetha anggone mahaluhur ing sajrone kaadilane,lan gusti Allah Kang Mahasucibakal ngatingalake kasucene ing sajroning kabenerane.

maca bab lengkap Yesaya 5