Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 5:20-30 Kitab Sutji (JAV)

20. Bilai para wong kang ngarani piala iku beciklan kabecikan iku ala,kang ngowahi pepeteng dadi pepadhanglan pepadhang dadi pepeteng,kang ngowahi pait dadi legi,lan legi dadi pait.

21. Bilai para wong kang nganggep awake dhewe wicaksana,kang nganggep awake dhewe pinter!

22. Bilai para wong kang dadi jago ngombe inuman keraskang dadi pemenang ing bab nyampur inuman keras;

23. kang mbenerake wong duraka marga dibeselilan kang nyelaki wewenange wong bener.

24. Sabab iku kaya ilat geni kang mangsa dami,lan kaya suket aking kang sirna dening geni,kaya mangkono oyod-oyode bakal dadi bosok,tuwin kuncupe bakal mawut kaya awu,amarga wong-wong mau wus padha nampikpiwulange Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitahsarta memada marang pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

25. Mulane bebendune Sang Yehuwah banjur nempuh marang umate,diagagi astane sarta tumuli kapupuh;gunung-gunung bakal geter, mayit-mayite wong-wong maubakal kaya rereged ana ing tengah dalan.Nanging sanadyan iku kabeh wus kelakon, dedukane durung mendhalan astane isih diagagake.

26. Panjenengane bakal nglebet-nglebetake gendera marang bangsa kang adoh,lan bakal singsot nimbali wong-wong iku saka ing tapel-watese bumi;iku sanyata enggal bakal teka kalawan rerikatan!

27. Panunggalane ora ana kang kesel lan ora ana kang kesandhung,ora padha ngantuk utawa keturon,ora ana kang ucul sabuke,ora ana kang pedhot talining trumpahe;

28. panahe padha dilandhepakelan sakehe gendhewane padha kapenthang;tracake jarane atose kaya watu genituwin rodhane kretane kaya lesus.

29. Panggerone kaya singa wadon,padha nggero kaya singa enom;padha gereng-gereng banjur ndekep mangsane,nuli kagondhol mlayu lan ora ana kang nguwalake.

30. Ing dina iku wong-wong mau bakal padha linimputaning swara kaya gumlegere sagara.Manawa wong ngawasake marang ing bumi,lah ing kono ana pepeteng kang ngrerupeki,sarta pepadhang dadi peteng marga saka mendhung!

maca bab lengkap Yesaya 5