Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 5:2-6 Kitab Sutji (JAV)

2. Iku dipaculi lan watu-watune dibuwangi,nuli ditanduri wit anggur pilihan;banjur diadegi panggungan pajagan ana ing tengahe pakebonan mau.Panjenengane tumuli damel jogangan pameresan anggur;sarta ngajeng-ajeng supaya pakebonan iku metokake woh anggur kang becik,nanging jebul metokake woh anggur kang kecut.

3. Mulane saiki, he pendhudhuk Yerusalem,lan para wong Yehuda,padha ngadilana prakaraningSun kalawan pakebonaningSun anggur iku.

4. Apa maneh ta kang kudu katindakake tumrap pakebonaningSun anggur iku,kang durung Sunlakoni?Ingsun ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik,yuagene dene mung metokake woh anggur kang kecut?

5. Awit saka iku Ingsun bakal paring sumurup marang sira,apa kang bakal Suntandukake marang pakebonaningSun anggur iku:Ingsun bakal mecoki pagere eri,satemah pakebonan iku entek kapangan,lan temboke bakal Sunjugrugakesatemah pakebonan iku kaidak-idak.

6. Bakal Sundamel supaya kathukulan ing rerungkudan,ora dipaprasi lan ora dibabadi,satemah kathukulan piskucing lan suket;Ingsun bakal paring dhawuh marang mendhung,supaya aja nurunake udan marang pakebonan iku.

maca bab lengkap Yesaya 5