Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 5:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku arep ngrepekake kidung bab kekasihku,kidunge kekasihku bab pakebonane anggur:Kekasihku iku kagungan pakebonan anggurana ing ereng-erenging pagunungan kang subur.

2. Iku dipaculi lan watu-watune dibuwangi,nuli ditanduri wit anggur pilihan;banjur diadegi panggungan pajagan ana ing tengahe pakebonan mau.Panjenengane tumuli damel jogangan pameresan anggur;sarta ngajeng-ajeng supaya pakebonan iku metokake woh anggur kang becik,nanging jebul metokake woh anggur kang kecut.

3. Mulane saiki, he pendhudhuk Yerusalem,lan para wong Yehuda,padha ngadilana prakaraningSun kalawan pakebonaningSun anggur iku.

4. Apa maneh ta kang kudu katindakake tumrap pakebonaningSun anggur iku,kang durung Sunlakoni?Ingsun ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik,yuagene dene mung metokake woh anggur kang kecut?

5. Awit saka iku Ingsun bakal paring sumurup marang sira,apa kang bakal Suntandukake marang pakebonaningSun anggur iku:Ingsun bakal mecoki pagere eri,satemah pakebonan iku entek kapangan,lan temboke bakal Sunjugrugakesatemah pakebonan iku kaidak-idak.

6. Bakal Sundamel supaya kathukulan ing rerungkudan,ora dipaprasi lan ora dibabadi,satemah kathukulan piskucing lan suket;Ingsun bakal paring dhawuh marang mendhung,supaya aja nurunake udan marang pakebonan iku.

7. Amarga pakebonane anggur Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitahiku turune Israel,lan para wong Yehudaiku tetanduran kang diremeni;kang diajeng-ajeng kaadilan,nanging kang ana mung tindak ambek siya,kang diantos-antos kabenerannanging kang ana mung kaonaran.

8. Bilai wong kang ndhaku omah siji lan sijinesarta kang ngebeki pategalan siji lan sijine,nganti ora ana papan maneh kanggo wong liyatuwin mung kowe dhewe kang manggon ing nagara kono!

maca bab lengkap Yesaya 5