Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 49:9-23 Kitab Sutji (JAV)

9. Sundhawuhake wewarta marang para wong kang kinunjara: Padha metua!marang para wong kang ana ing pepeteng: Padha mrenea!Ing sadalan-dalan padha kaya wedhus kang ora tau kekurangan suket,tuwin sanadyan ana ing sakehing tengger kang gundhul iya padha kasadhiyanan suket.

10. Mulane ora padha luwe utawa ngelak;ora bakal padha katempuh ing angin panas lan panasing srengenge kang sumelet,amarga padha katuntun dening Sang Paring Piwelaspadha kagiring menyang ing sumber-sumber banyu.

11. Sakehing gunungingSun bakal Sundadekake dalanlan sakehing lurungingSun bakal Sunrata.

12. Lan ana wong kang padha teka saka ing adoh,saka ing lor lan saka ing kulon,tuwin ana kang saka ing tanah Sinim.”

13. Surak-suraka, he langit,giyak-giyaka, he bumi,lan padha bungah-bungaha kalawan surak-surak, he gunung-gunung!Amarga Pangeran Yehuwah nglipur umatelan asih marang para wong kang dadi kagungane kang padha katindhes.

14. Sion celathu: “Pangeran Yehuwah wus nilar akutuwin Gustiku wus kesupen marang aku.”

15. Apa wong wadon bisa lali marang bayine,nganti ora tresna marang wohing wetengane?Sanadyan iku lali marang anake,nanging Ingsun ora bakal kesupen marang sira.

16. Lah sira wus Sungambar ana ing epek-epeking astaningSun,tembok-tembokira iku tansah ana ing ngarsaningSun.

17. Para wong kang mbangun sira bakal enggal padha teka,dene kang padha mbubrah lan ngrusak sira bakal padha lunga.

18. Sira ndengengeka lan ndelenga ing sakubengira,wong iku padha nglumpuk lan marani sira.Demi Ingsun kang gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,lah iku bakal padha sira anggo dadi rerenggan,bakal sira ubedake,kaya patrape penganten wadon.

19. Awit papan-papanira kang samun lan sepi mamringtuwing nagaranira kang kabubrah,saiki wus keciyuten kanggo kang padha ngenggoni kang samono kehe ikusarta para wong kang arep nyirnakake sira bakal padha ngedoh.

20. Malah anak-anakira kang sira kira ilangbakal padha celathu marang sira:“Panggonan iku keciyuten kanggo aku kabeh,mulane sumingkira, supaya aku padha bisa manggon ana ing kono!”

21. Ing kono sira bakal mosik ing sajroning atinira:“Sapa ta kang nglairake iku kabeh kanggo aku?Aku iki rak ora duwe anak lan gabug,sarta banjur digawa menyang ing pambuwangan lan disingkirake?Nanging anak-anak iki sapa kang nggedhekake?Aku iki rak wus nyata katinggal ijen,nanging anak-anak iki kabeh, saka ing ngendi pinangkane?”

22. Mangkene pangandikane Pangeran Allah:“Lah Ingsun bakal ngayatake astaningSun minangka pratandha tmrap para bangsalan manjer gendera-genderaningSun kanggo para suku bangsa,iku bakal padha nggendhong anak-anakira lanangsarta anak-anakira wadon bakal padha dipanggul.

23. Para raja bakal padha dadi pamomongiralan para garwane padha dadi embanira.Iku bakal padha nyembah marang sira nganti sumungkem konjem ing bumisarta padha ndilati lebuning sikilira.Ing kono sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah,tuwin manawa para wong kang padha nganti-anti marang Ingsun iku ora bakal padha kawirangan.”

maca bab lengkap Yesaya 49