Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 49:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. “Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehenmanawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakublan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae.Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsasupaya karahayon kang saka Ingsuniku tekana ing pungkasaning bumi.”

7. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah,Juru Panebuse Israel, Gusti Allahe Kang Mahasuci,marang kang diremehake dening wong,marang kang dianggep njijiki dening para bangsa,marang abdining para kang nyekel pangwasa:“Para ratu bakal nyumurupi pandamelingSun, lan banjur padha ngadeg ngunjukake kurmat,tuwin para panggedhe bakal padha sujud nyembah,marga saka Pangeran Yehuwah kang setyamarga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel,kang wus milih sira.”

8. Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:“Ing nalika Ingsun karenan, Ingsun bakal paring wangsulan marang sira,lan ing dinane Ingsun paring karahayon, Ingsun bakal mitulungi sira;sira wus Sundhapuk lan Sundadekake prajanjiantumrap umat manungsa,Sunkarsakake mbangun bumi manehlan mbage-mbage tanah pusaka kang wus sepi mamring,

9. Sundhawuhake wewarta marang para wong kang kinunjara: Padha metua!marang para wong kang ana ing pepeteng: Padha mrenea!Ing sadalan-dalan padha kaya wedhus kang ora tau kekurangan suket,tuwin sanadyan ana ing sakehing tengger kang gundhul iya padha kasadhiyanan suket.

10. Mulane ora padha luwe utawa ngelak;ora bakal padha katempuh ing angin panas lan panasing srengenge kang sumelet,amarga padha katuntun dening Sang Paring Piwelaspadha kagiring menyang ing sumber-sumber banyu.

11. Sakehing gunungingSun bakal Sundadekake dalanlan sakehing lurungingSun bakal Sunrata.

12. Lan ana wong kang padha teka saka ing adoh,saka ing lor lan saka ing kulon,tuwin ana kang saka ing tanah Sinim.”

13. Surak-suraka, he langit,giyak-giyaka, he bumi,lan padha bungah-bungaha kalawan surak-surak, he gunung-gunung!Amarga Pangeran Yehuwah nglipur umatelan asih marang para wong kang dadi kagungane kang padha katindhes.

14. Sion celathu: “Pangeran Yehuwah wus nilar akutuwin Gustiku wus kesupen marang aku.”

15. Apa wong wadon bisa lali marang bayine,nganti ora tresna marang wohing wetengane?Sanadyan iku lali marang anake,nanging Ingsun ora bakal kesupen marang sira.

16. Lah sira wus Sungambar ana ing epek-epeking astaningSun,tembok-tembokira iku tansah ana ing ngarsaningSun.

maca bab lengkap Yesaya 49