Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 49:22-25 Kitab Sutji (JAV)

22. Mangkene pangandikane Pangeran Allah:“Lah Ingsun bakal ngayatake astaningSun minangka pratandha tmrap para bangsalan manjer gendera-genderaningSun kanggo para suku bangsa,iku bakal padha nggendhong anak-anakira lanangsarta anak-anakira wadon bakal padha dipanggul.

23. Para raja bakal padha dadi pamomongiralan para garwane padha dadi embanira.Iku bakal padha nyembah marang sira nganti sumungkem konjem ing bumisarta padha ndilati lebuning sikilira.Ing kono sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah,tuwin manawa para wong kang padha nganti-anti marang Ingsun iku ora bakal padha kawirangan.”

24. Apa wong bisa ngrebut jarahan saka ing tangane wong prawirautawa wong tawanan apa bisa luwarsaka ing tanganing wong prakosa?

25. Lah mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Tawananing wong prawira iya bisa karebut,lan jarahaning wong prakosa bisa uwal,sabab Ingsun piyambak kang bakal nglawan wong kang nglawan siralan Ingsun piyambak kang bakal ngluwari anak-anakira.

maca bab lengkap Yesaya 49