Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 49:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. padha ngrungokna marang Ingsun, he pulo-pulopadha nggatekna, he para bangsa kang adoh!Ingsun wus katimbalan dening Pangeran Yehuwah wiwit isih ana ing bobotanasmaningSun wus kapangandikakake wiwit isih ana ing guwa-garbaning ibuningSun.

2. TutukingSun kadamel kaya pedhang kang landheplan Ingsun kaayoman ana ing aubing astane.Ingsun kadadekake panah kang linciplan kadhelikake ana ing endhonge.

3. Ingsun dipangandikani mangkene:“Sira iku abdiningSun, Israel,sarta ana ing sira anggoningSun bakal nglairake kamulyaningSun.”

4. Ewadene unjukingSun: “Anggen kawula kangelan punika tanpa damel,tuwin tanpa wusana saha tanpa gina anggen kawula ngesokaken kakiyatan kawula;nanging wewenang kawula punika wonten ing Pangeran Yehuwahsarta pituwas kawula punika wonten ing Allah kawula.”

5. Lah saiki pangandikane Sang Yehuwah,kang nganakake Ingsun kadadekake abdine wiwit ana ing bobotan,supaya mbalekake Yakub marang Panjenengane,tuwin nglumpukake Israel ana ing ngarsane --mulane Ingsun kaluhurake ana ing paningale Pangeran Yehuwah,tuwin Gusti AllahingSun dadi kakiyataningSun --,mangkene pangandikane:

6. “Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehenmanawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakublan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae.Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsasupaya karahayon kang saka Ingsuniku tekana ing pungkasaning bumi.”

7. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah,Juru Panebuse Israel, Gusti Allahe Kang Mahasuci,marang kang diremehake dening wong,marang kang dianggep njijiki dening para bangsa,marang abdining para kang nyekel pangwasa:“Para ratu bakal nyumurupi pandamelingSun, lan banjur padha ngadeg ngunjukake kurmat,tuwin para panggedhe bakal padha sujud nyembah,marga saka Pangeran Yehuwah kang setyamarga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel,kang wus milih sira.”

8. Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:“Ing nalika Ingsun karenan, Ingsun bakal paring wangsulan marang sira,lan ing dinane Ingsun paring karahayon, Ingsun bakal mitulungi sira;sira wus Sundhapuk lan Sundadekake prajanjiantumrap umat manungsa,Sunkarsakake mbangun bumi manehlan mbage-mbage tanah pusaka kang wus sepi mamring,

9. Sundhawuhake wewarta marang para wong kang kinunjara: Padha metua!marang para wong kang ana ing pepeteng: Padha mrenea!Ing sadalan-dalan padha kaya wedhus kang ora tau kekurangan suket,tuwin sanadyan ana ing sakehing tengger kang gundhul iya padha kasadhiyanan suket.

10. Mulane ora padha luwe utawa ngelak;ora bakal padha katempuh ing angin panas lan panasing srengenge kang sumelet,amarga padha katuntun dening Sang Paring Piwelaspadha kagiring menyang ing sumber-sumber banyu.

11. Sakehing gunungingSun bakal Sundadekake dalanlan sakehing lurungingSun bakal Sunrata.

maca bab lengkap Yesaya 49