Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 45:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. He langit, netesna kaadilan saka ing dhuwur,tuwin cikben disokake dening mendhung!Bumi kareben ngengakake badanelan metokake trubusaning kaslametan,apamaneh cikben nuwuhake kaadilan!Iya Ingsun iki Yehuwah kang nitahake iki kabeh.”

9. Bilai wong kang padu kalawan Kang Nitahake;ora liya iku mung wingka pecahan kendhil!Apa lempung bakal celathu marang kundhi:“Apa kang kokgawe?”utawa marang apa kang wus digawe:“Kowe iku ora duwe tangan!”

10. Bilai wong kang celathu marang bapakne:“Apa kang kokanakake?”lan marang ibune:“Apa kang koklairake?”

11. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah,Kang Mahasuci, Gusti Allah kang nitahake Israel:“Apa sira kang matur pitakon marang Ingsun bab putra-putraningSun,utawa kang prentah marang Ingsun bab apa kang kadamel dening astaningSun?

12. Iya Ingsun iki kang yasa bumilan kang nitahake manungsa ana ing kono;iya astaningSun iki kang nggelar langit,lan iya Ingsun kang ngereh sakehing balane.

13. Iya Ingsun iki kang ngobahake Koresy kalawan karsaningSun arep paring kaslametan,tuwin Ingsun bakal ngrata dalane kabeh;iya dheweke iku kang bakal mbangun kuthaningSun,sarta kang bakal ngluwari para wongingSun kang padha ana ing pambuwangan,tanpa bayaran lan tanpa besel,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah.

14. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Pametuning tanah Mesir lan sakehing kauntungane Etiopialan para wong ing Syeba, para wong kang pawakane dhuwur,bakal padha ngalih marang tanahira tuwin dadi duwekira,iku bakal padha lumaku ana ing burinira kalawan dirante;bakal padha sujud marang sira sarta bakal ngempek-empek marang sira kalawan tembunge:Namung wonten ing tengah-tengah paduka Gusti Allah punika, tuwin sanesipun boten wonten;kajawi Panjenenganipun boten wonten allah sanesipun!

15. Sanyata, Paduka punika Gusti allah ingkang sesingidan,Gusti Allahipun Israel, Sang Juruwilujeng.

16. Nanging para tukang brahala kudu mundur kalawan wirang,kabeh bakal kawirangan lan pancen kalepetan ing wirang.

17. Dene Israel kaparingan karahayon dening Sang Yehuwahkarahayon kang langgeng;sira ora bakal padha kawirangan tuwin ora bakal kalepetan wirangnganti ing salawase lan ing sateruse.”

18. Sabab mangkene pangandikane Sang Yehuwah,kang nitahake langit,-- iya Panjenengane iku Gusti Allah --kang karya bumi lan kang yasasarta kang nyantosakake iku,-- apadene anggone nitahake iku ora banjur disuwungake,nanging iku katitahake supaya dienggoni --:“Iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana liyane.

maca bab lengkap Yesaya 45