Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 45:12-19 Kitab Sutji (JAV)

12. Iya Ingsun iki kang yasa bumilan kang nitahake manungsa ana ing kono;iya astaningSun iki kang nggelar langit,lan iya Ingsun kang ngereh sakehing balane.

13. Iya Ingsun iki kang ngobahake Koresy kalawan karsaningSun arep paring kaslametan,tuwin Ingsun bakal ngrata dalane kabeh;iya dheweke iku kang bakal mbangun kuthaningSun,sarta kang bakal ngluwari para wongingSun kang padha ana ing pambuwangan,tanpa bayaran lan tanpa besel,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah.

14. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Pametuning tanah Mesir lan sakehing kauntungane Etiopialan para wong ing Syeba, para wong kang pawakane dhuwur,bakal padha ngalih marang tanahira tuwin dadi duwekira,iku bakal padha lumaku ana ing burinira kalawan dirante;bakal padha sujud marang sira sarta bakal ngempek-empek marang sira kalawan tembunge:Namung wonten ing tengah-tengah paduka Gusti Allah punika, tuwin sanesipun boten wonten;kajawi Panjenenganipun boten wonten allah sanesipun!

15. Sanyata, Paduka punika Gusti allah ingkang sesingidan,Gusti Allahipun Israel, Sang Juruwilujeng.

16. Nanging para tukang brahala kudu mundur kalawan wirang,kabeh bakal kawirangan lan pancen kalepetan ing wirang.

17. Dene Israel kaparingan karahayon dening Sang Yehuwahkarahayon kang langgeng;sira ora bakal padha kawirangan tuwin ora bakal kalepetan wirangnganti ing salawase lan ing sateruse.”

18. Sabab mangkene pangandikane Sang Yehuwah,kang nitahake langit,-- iya Panjenengane iku Gusti Allah --kang karya bumi lan kang yasasarta kang nyantosakake iku,-- apadene anggone nitahake iku ora banjur disuwungake,nanging iku katitahake supaya dienggoni --:“Iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana liyane.

19. Ora tau Ingsun ngandika kalawan asingidantuwin ana ing panggonan ing bumi kang peteng.Ora tau Ingsun dhawuh marang turuning Yakubsupaya ngupaya Ingsun kalawan nglaha!Ingsun, Yehuwah, manawa ngandika mesthi bener,sarta tansah martakake apa kang sanyata.”

maca bab lengkap Yesaya 45