Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 45:10-15 Kitab Sutji (JAV)

10. Bilai wong kang celathu marang bapakne:“Apa kang kokanakake?”lan marang ibune:“Apa kang koklairake?”

11. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah,Kang Mahasuci, Gusti Allah kang nitahake Israel:“Apa sira kang matur pitakon marang Ingsun bab putra-putraningSun,utawa kang prentah marang Ingsun bab apa kang kadamel dening astaningSun?

12. Iya Ingsun iki kang yasa bumilan kang nitahake manungsa ana ing kono;iya astaningSun iki kang nggelar langit,lan iya Ingsun kang ngereh sakehing balane.

13. Iya Ingsun iki kang ngobahake Koresy kalawan karsaningSun arep paring kaslametan,tuwin Ingsun bakal ngrata dalane kabeh;iya dheweke iku kang bakal mbangun kuthaningSun,sarta kang bakal ngluwari para wongingSun kang padha ana ing pambuwangan,tanpa bayaran lan tanpa besel,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah.

14. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Pametuning tanah Mesir lan sakehing kauntungane Etiopialan para wong ing Syeba, para wong kang pawakane dhuwur,bakal padha ngalih marang tanahira tuwin dadi duwekira,iku bakal padha lumaku ana ing burinira kalawan dirante;bakal padha sujud marang sira sarta bakal ngempek-empek marang sira kalawan tembunge:Namung wonten ing tengah-tengah paduka Gusti Allah punika, tuwin sanesipun boten wonten;kajawi Panjenenganipun boten wonten allah sanesipun!

15. Sanyata, Paduka punika Gusti allah ingkang sesingidan,Gusti Allahipun Israel, Sang Juruwilujeng.

maca bab lengkap Yesaya 45