Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 45:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iki pangandikaningSun marang wong kang Sunjebadi,marang Koresy kang Sunkanthi tangane tengen,Sunagen nelukake bangsa-bangsa kang ana ing ngarepelan mblejedi para raja,Sunagem ngengakake lawang-lawang ing ngarepelan supaya gapura-gapura aja terus mineb.

2. Ingsun piyambak bakal lumampah ana ing ngarepirasarta bakal ngrata gunung-gunung,bakal mbejadi lawang-lawang tembagalan bakal nugeli slarak-slarak wesi.

3. Ingsun bakal maringi sira raja-brana kang kapendhemtuwin raja-darbe kang siningidake,supaya sira sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe Israel,kang nimbali sira kalawan nyebut jenengira.

4. Marga saka abdiningSun Yakublan Israel, pilihaningSun,Ingsun banjur nimbali sira kalawan nyebut jenengira,paring sesebutan marang sira, sanadyan sira ora wanuh marang Ingsun.

5. Iya Ingsun iki Yehuwah ora ana liyane;kajaba Ingsun ora ana allah maneh.Ingsun wus paring gegamaning perang marang sira,sanadyan sira ora wanuh marang Ingsun,

6. supaya wiwit ing papan pletheking srengengenganti tekan papan surupe, wong sumurup, manawa ing sajabaningSun ora ana liyane maneh.Ingsun iki Yehuwah la ora ana liyane,

7. kang ndadekake padhang lan nitahake peteng,kang damel begja lan cilaka;Ingsun Yehuwah kang nindakake iki kabeh.

8. He langit, netesna kaadilan saka ing dhuwur,tuwin cikben disokake dening mendhung!Bumi kareben ngengakake badanelan metokake trubusaning kaslametan,apamaneh cikben nuwuhake kaadilan!Iya Ingsun iki Yehuwah kang nitahake iki kabeh.”

9. Bilai wong kang padu kalawan Kang Nitahake;ora liya iku mung wingka pecahan kendhil!Apa lempung bakal celathu marang kundhi:“Apa kang kokgawe?”utawa marang apa kang wus digawe:“Kowe iku ora duwe tangan!”

10. Bilai wong kang celathu marang bapakne:“Apa kang kokanakake?”lan marang ibune:“Apa kang koklairake?”

11. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah,Kang Mahasuci, Gusti Allah kang nitahake Israel:“Apa sira kang matur pitakon marang Ingsun bab putra-putraningSun,utawa kang prentah marang Ingsun bab apa kang kadamel dening astaningSun?

12. Iya Ingsun iki kang yasa bumilan kang nitahake manungsa ana ing kono;iya astaningSun iki kang nggelar langit,lan iya Ingsun kang ngereh sakehing balane.

13. Iya Ingsun iki kang ngobahake Koresy kalawan karsaningSun arep paring kaslametan,tuwin Ingsun bakal ngrata dalane kabeh;iya dheweke iku kang bakal mbangun kuthaningSun,sarta kang bakal ngluwari para wongingSun kang padha ana ing pambuwangan,tanpa bayaran lan tanpa besel,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah.

14. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Pametuning tanah Mesir lan sakehing kauntungane Etiopialan para wong ing Syeba, para wong kang pawakane dhuwur,bakal padha ngalih marang tanahira tuwin dadi duwekira,iku bakal padha lumaku ana ing burinira kalawan dirante;bakal padha sujud marang sira sarta bakal ngempek-empek marang sira kalawan tembunge:Namung wonten ing tengah-tengah paduka Gusti Allah punika, tuwin sanesipun boten wonten;kajawi Panjenenganipun boten wonten allah sanesipun!

maca bab lengkap Yesaya 45