Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 44:7-11 Kitab Sutji (JAV)

7. Sapa kang kaya Ingsun? Iku kareben nguwuh-uwuh mangkono,cikben mratelakake lan ngandhakake bab iku ana ing ngarsaningSun!Sapa kang wiwit ing jaman kuna ngandhakake bab-bab kang bakal kelakon?Apa kang bakal kadadean kareben padha diwartakake marang aku kabeh!

8. Sira aja gumeter lan aja wedi,awit bab iku pancen wiwit biyen mula wus Sunwartakake lan Sunsumurupake marang sira.Sira kabeh iku kang padha dadi seksi-seksiningSun! Apa ana Allah liyane kejaba Ingsun?Ora ana Gunung Parang liyane, Ingsun ora mirsa liyane!”

9. Wong kang gawe reca iku kabeh tanpa guna, sarta barang-barang kang disenengi iku ora ana paedahe. Kang nyembah reca iku padha ora ndeleng lan ora sumurup apa-apa, mulane bakal padha kawirangan.

10. Sapa ta kang mangun allah lan nyithak reca kang tanpa paedah iku?

11. Sakehe panganute bakal padha kawirangan, lan tukang-tukange iku manungsa lugu. Iku cikben padha nglumpuk kabeh sarta padha kareben gumregah ngadeg! Mesthi bakal padha gumeter lan padha wirang bebarengan.

maca bab lengkap Yesaya 44