22. Ingsun wus ngicali sakehe dosaning pambalelanira kayadene pedhut kang kabur ing angin,lan sakehe dosanira kaya mendhung kang kanginan.Sira balia marang Ingsun, amarga sira wus Suntebus!
23. Surak-suraka, he langit, awit Pangeran Yehuwah wus tumandang,sumyak-sumyaka, he telenging bumi!Padha gambiraa kalawan surak-surak, he gunung-gunung,he alas dalasan sakehe wit-witane kang ana ing kono!Sabab Sang Yehuwah wus nebus Yakub,sarta Panjenengane wus ngatingalake kamulyane ing bab Israel.
24. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu,kang mangun kowe wiwit saka ing wetengan:“Ingsun iki Yehuwah, kang nitahake samubarang kabeh,kang njereng langit piyambakan,kang nggelar bumi -- sapa kang mbiyantu Ingsun? --
25. Ingsun iki kang ngwurungake tandha-tandhane juru pameca gorohlan kang ngagem dolanan para tukang tenung;kang damel mundure para wong wicaksana,lan nyantuni kawruhe dadi kabodhoan;
26. Ingsun kang nyantosakake tembung-tembunge para abdiningSunlan nindakake putusan-putusan kang diundhangake dening para utusaningSun;kang ngandika bab Yerusalem: Prayoga dienggoni,lan tumrap kutha-kutha ing Yehuda: Prayoga dibangun,Ingsun karsa ngedegake maneh jugrugane!
27. Ingsun kang ngandika marang telenging sagara: Dadia asat,Ingsun karsa ngasatake kali-kalinira!
28. Ingsun kang ngandika bab Koresy: Iku abdi pangoningSunsakehing karsaningSun bakal dilakoniiku bakal celathu bab Yerusalem: Iku prayoga dibangun!tuwin bab Padaleman Suci: Tetalese prayoga kapasang!”