Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 44:11-20 Kitab Sutji (JAV)

11. Sakehe panganute bakal padha kawirangan, lan tukang-tukange iku manungsa lugu. Iku cikben padha nglumpuk kabeh sarta padha kareben gumregah ngadeg! Mesthi bakal padha gumeter lan padha wirang bebarengan.

12. Tukang besi anggone gawe iku nganggo kalebokake ing geni mawa lan kagembleng kalawan palu; anggone nindakake iku kanthi migunakake sakehing kakuwatane tangane. malah kalawan ngampet luwe nganti entek kakuwatane lan ora ngombe banyu nganti sayah lesu.

13. Tukang kayu menthang tali ukuran lan gawe cengkorongan reca nganggo kapur abang; anggone nindakake nganggo tatah lan digarisi nganggo jangka, nuli kawangun wong lanang, manungsa kang bagus sarta kadekek ing omah pamujan.

14. Bisa uga tukang mau negor wit eres utawa milih wit tirzan apa wit elon, kang dietogake tuwuhe ngangti dadi gedhe ana ing satengahe wit-witan ing alas, utawa nandur wit salam, kang marga saka kodanan banjur dadi gedhe.

15. Lan kayune kadadekake kayu bong dening manungsa, kanggo api-api, sarta maneh kanggo gegenen kagawe ngratengi roti. Nanging uga salong kanggo gawe allah, kang disembah-sembah; digawe reca, kang banjur disujudi.

16. Ana maneh kang diobong kagawe manggang daging. Daging panggangan mau dipangan nganti wareg; tumuli api-api kambi celathu: “Lah awakku wis anget, aku wis ngrasakake panasing geni.”

17. Sarta turahane kayu mau banjur digawe allah, dadi reca sesembahane, iku disujudi, disembah-sembah kalawan ndedoga: “Muga karsaa mitulungi kawula, awit paduka punika allah kawula.”

18. Wong kang kaya mangkono iku ora sumurup apa-apa lan ora ngreti apa-apa, sabab mripate kraket merem, satemah ora bisa ndeleng; tuwin atine uga buntet, mulane ora bisa mangreti.

19. Ora ana kang nimbang-nimbang, ora ana kang kawruhe utawa pangretene cukup temah bisa kandha: “Ana kang wus dakobong ing geni lan arenge wus dakanggo ngratengi roti, dakanggo manggang daging kang banjur dakpangan. Apa iya turahane nuli dakanggo gawe dewaning kanisthan?”

20. Wong kang tansah ribut bab awu, iku kasasarake dening atine kang kapusan; ora bisa gawe slameting nyawane utawa kandha: “Apa dudu bab kang cidra kang dadi gondhelanku iki?”

maca bab lengkap Yesaya 44