Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 43:19-28 Kitab Sutji (JAV)

19. Lah Ingsun karsa damel kang anyar,kang saiki wus tuwuh, apa sira durung sumurup?Malah Ingsun bakal karya dalan ana ing ara-ara samunlan kali-kali ana ing pasamunan.

20. Kewan ing alas bakal ngluhurake Ingsun,asu ajag lan manuk unta,awit Ingsun wus karya banyu kang muncar-muncar ing ara-ara samunlan kali kang padha mili ing pasamunan,kanggo ngombeni umat pepilihaningSun;

21. umat kang wus Ingsun dhapuk kagem Ingsuniku bakal martakake misuwuringSun.”

22. “Sanyata, sira ora nyebut marang Ingsun, he Yakub,sarta sira ora mreduli marang Ingsun, he Israel.

23. Sira ora nyaosi kurban obaranira wedhus gembel marang Ingsun,tuwin ora ngluhurake Ingsun kalawan kurban sembelehanira.Ingsun ora ngebot-eboti sira kanthi mundhut kurban dhaharan,sarta nyusahake sira kanthi mundhut menyan.

24. Sira ora mundhutake Ingsun tebu wangi sarana dhuwit,utawa gawe tuwukingSun kalawan gajihe kurban sembelehanira.Nanging sira ngebot-eboti Ingsun kalawan dosanira,sira gawe sungkawaningSun kalawan kaluputanira.

25. Ingsun, iya Ingsun iku Panjenengane kang ngicali dosaning pambalelanira marga saka Ingsun piyambak,lan Ingsun ora ngenget-enget marang dosanira.

26. Sira ngengetana Ingsun, ayo kita padha prakaran,ajokna samubarang kabehe supaya kacihna anggonira bener!

27. Bapa leluhurira kang kawitan wus dosa,lan juru pirembagira wus mbalela marang Ingsun.

28. Dadine Ingsun kepeksa najisake para pemimpine papan pasucen,lan kepeksa ngulungake yakub supaya katumpessarta Israel supaya dicecamah.”

maca bab lengkap Yesaya 43