Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 43:11-27 Kitab Sutji (JAV)

11. Ingsun, iya Ingsun iki Yehuwahlan ora ana Juru-slamet kejaba Ingsun.

12. Ingsun iki kang paring sumurup, kang paring karahayon lan pawarta,tuwin dudu allah ngamanca kang ana ing tengahira.Sira iku padha dadi seksiningSun,”mangkono pangandikane Sang Yehuwah,“lan Ingsun iki Allah.

13. Uga sabanjure Ingsun iki tetep Panjenengane,tuwin ora ana kang bisa luwar saka ing astaningSun;Ingsun kang nindakake, sapa kang bisa malangi?”

14. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah,Juru Panebusmu, Kang Mahasuci,Gusti Allahe Israel:“Marga saka sira Ingsun karsa utusan wong menyang ing Babillan karsa nyingkirake slarak-slarake lawanging pakunjaran kabeh,tuwin surak-surake wong Kasdim banjur dadi pasambat.

15. Ingsun iki Yehuwah, Kang Mahasuci, Allahira,Ratunira kang nitahake Israel.”

16. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah,kang wus karya dalan ngliwati sagaralan ngliwati banyu kang ngedab-edabi,

17. kang wus dhawuh marang kreta lan jaran supaya padha ngetoni perang,uga wadya-bala lan wong prakosa --iku padha gumlethak, ora bisa tangi,wus padha mati, wus mati kaya uceng-uceng --.

18. Mangkene pangandikane: “Aja padha ngeling-eling bab-bab kang wus kepungkur,lan aja mikir marang bab-bab kang wus kelakon dhek jaman kuna!

19. Lah Ingsun karsa damel kang anyar,kang saiki wus tuwuh, apa sira durung sumurup?Malah Ingsun bakal karya dalan ana ing ara-ara samunlan kali-kali ana ing pasamunan.

20. Kewan ing alas bakal ngluhurake Ingsun,asu ajag lan manuk unta,awit Ingsun wus karya banyu kang muncar-muncar ing ara-ara samunlan kali kang padha mili ing pasamunan,kanggo ngombeni umat pepilihaningSun;

21. umat kang wus Ingsun dhapuk kagem Ingsuniku bakal martakake misuwuringSun.”

22. “Sanyata, sira ora nyebut marang Ingsun, he Yakub,sarta sira ora mreduli marang Ingsun, he Israel.

23. Sira ora nyaosi kurban obaranira wedhus gembel marang Ingsun,tuwin ora ngluhurake Ingsun kalawan kurban sembelehanira.Ingsun ora ngebot-eboti sira kanthi mundhut kurban dhaharan,sarta nyusahake sira kanthi mundhut menyan.

24. Sira ora mundhutake Ingsun tebu wangi sarana dhuwit,utawa gawe tuwukingSun kalawan gajihe kurban sembelehanira.Nanging sira ngebot-eboti Ingsun kalawan dosanira,sira gawe sungkawaningSun kalawan kaluputanira.

25. Ingsun, iya Ingsun iku Panjenengane kang ngicali dosaning pambalelanira marga saka Ingsun piyambak,lan Ingsun ora ngenget-enget marang dosanira.

26. Sira ngengetana Ingsun, ayo kita padha prakaran,ajokna samubarang kabehe supaya kacihna anggonira bener!

27. Bapa leluhurira kang kawitan wus dosa,lan juru pirembagira wus mbalela marang Ingsun.

maca bab lengkap Yesaya 43