Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 41:15-29 Kitab Sutji (JAV)

15. Lah sira Sundadekake piranti pangrontogankang landhep lan anyar, kang ana untune rong larik;sira bakal ngrontogi gunung-gunung sarta iku bakal padha sira remuk,sarta tengger-tengger iya bakal sira dadekake kaya mrambut,

16. bakal padha sira tapeni, lan banjur padha kabur ing angin,tuwin bakal mawut dening prahara.Nanging sira iki bakal surak-surakawit saka Pangeran Yehuwahtuwin nggunggung-nggunggung marga saka Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

17. Para wong kang sangsara lan kang miskinlagi padha golek banyu, nanging ora oleh,ilate padha garing marga kasatan;nanging Ingsun Yehuwah, bakal minangkani kabutuhane wong-wong mau,sarta sarehne jumeneng dadi Allahe IsraelIngsun ora bakal negakake wong-wong mau.

18. Ingsun bakal ndadekake tengger-tengger kang gundhul, padha ana kalinesarta tanah warata banjur ana sumber-sumbere;Ingsun bakal ndadekake ara-ara samun dadi telagatuwin tanah mati banjur metu banyune.

19. Ingsun bakal nanem wit eres ana ing ara-ara samun,wit sirah, wit jambu keling lan wit jaitun alas;Ingsun bakal damel thukule wit beros ana ing pasamunansarta wit berangan lan wit cemara ing sandhinge,

20. supaya kabeh wong padha ndeleng lan sumurup,nggatekake lan ngreti,manawa astane Sang Yehuwah kang karya iki kabehsarta Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel kang nitahake.

21. padha ngajokna prakaranira, mangkono Pangandikane Sang Yehuwah,mratelakna alasan-alasanira, mangkono pangandikane Sang Prabu, Gusti Allahe Rama Yakub.

22. Cikben padha maju lan martakake marang aku kabehapa kang bakal kelakon!Pameca kang biyen iku terangna apa tegese,supaya aku padha mikir-mikir,utawa bab-bab kang bakal kelakon, iku aku padha kandhanana,supaya aku padha nyumurupi kawusanane!

23. Mratelakna bab-bab kang bakal kelakon sawuse iku,supaya aku padha sumurup, manawa kowe kabeh iki nyata allah;padha tumindaka bae, becik apa ala,supaya aku padha ndeleng bebarengan kalawan gumun!

24. Kowe kabeh iku sanyatane kaya ora anaing panggawe-panggawemu iku tanpa isi;wong kang milih kowe iku nistha.

25. Ingsun wus ngobahake wong saka ing lor lan iku wus teka,Ingsun wus nimbali wong iku saka ing sisih pletheking srengenge kalawan nyebut jenenge.Kayadene kundhi ngiles-iles lempung,kaya mangkono anggone wong iku bakal ngidak-idak para kang nyekel pangwasa kaya endhut.

26. Sapa kang aweh sumurup bab iku wiwit ing sakawit, satemah aku banjur padha sumurup,lan wiwit biyen, satemah aku nuli padha mratelakake:“Apa bener wong iku?”Sanyatane ora ana knag aweh sumurup,ora ana wong kang ngabariora ana wong kang krungu tembung sakecap bae saka kowe.

27. Ingsun kang dhisik dhewe paring sumurup marang Sion,sarta Ingsun banjur ngintunake wong menyang Yerusalem kang nggawa kabar becik.

28. Manawa Ingsun mirsani mubeng, ora ana wong siji-sijia,lan panunggalaning wong kabeh iku ora ana kang bisa ngunjukake pituduh,utawa kang bisa ngaturake wangsulan manawa Ingsun ndangu marang wong-wong iku.

29. Wong iku nyata-nyata kaya-kaya padha ora ana,panggawe-panggawene tanpa isi,reca-recane cithakan iku angin lan tanpa guna.

maca bab lengkap Yesaya 41