Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 38:14-20 Kitab Sutji (JAV)

14. Kayadene manuk sriti, iya mangkono iku anggonku cat-cit,swaraku kethekur-kethekur kaya swaraning manuk dara.Mripatku kaya-kaya nganti entek marga saka anggonku tumenga ing ngaluhur,dhuh Pangeran, kawula sinangsara;Paduka mugi karsaa dados tanggelan tumrap kawula!

15. Apa ta kang bakal dakaturake lan dakucapake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah;rak Panjenengane ta kang tumindak mangkono?Aku babar pisan ora bisa turumarga saka paiting kasusahanku iku.

16. Dhuh Pangeran, inggih margi saking makaten punika manah kawula ngantos-antos dhumateng Paduka;Paduka mugi karsaa nemtremaken roh kawula,karsaa nyarasaken kawula, karsaa maluyakaken kawula!

17. Kasisahan ingkang pait punika sanyata dados kawilujengan kawula;Paduka ingkang njagi nyawa kawula supados boten kacemplung ing luwenging karisakan.Amargi Paduka sampun mbucal sakathahing dosa kawulangantos tebih saking ing ngarsa Paduka.

18. Awit jagading tiyang pejah boten saged ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka,sarta pejah boten saged ngalembana Paduka;tiyang ingkang sami tumurun ing luwangan kuburanboten ngantos-antos dhateng ing kasetyan Paduka.

19. Nanging namung tiyang ingkang gesang, punika ingkang ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka,kados kawula ing dinten punika;bapa badhe suka sumerep bab kasetyan Padukadhateng anak-anakipun.

20. Pangeran Yehuwah wus rawuh paring kaslametan marang aku!Aku arep padha ngunekake clempung,ing salawase uripana ing padalemane Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Yesaya 38