Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 38:12-17 Kitab Sutji (JAV)

12. Pondhok kang dakenggoni kabubrah lan kabukakkayadene tarubing pangon;kaya tukang tenun kang nggulung tenunaneanggonku mungkasi uripku;Pangeran Yehuwah ngethok nyawaku saka ing benanging urip.Wiwit siyang ngantos dalu Paduka ngendelaken kawula makaten kemawon.

13. Aku sesambat nyuwun tulung nganti esuk;kayadene singa, iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah ngremuk sakehing balungku;wiwit siyang ngantos dalu Padukangendelaken kawula makaten kemawon.

14. Kayadene manuk sriti, iya mangkono iku anggonku cat-cit,swaraku kethekur-kethekur kaya swaraning manuk dara.Mripatku kaya-kaya nganti entek marga saka anggonku tumenga ing ngaluhur,dhuh Pangeran, kawula sinangsara;Paduka mugi karsaa dados tanggelan tumrap kawula!

15. Apa ta kang bakal dakaturake lan dakucapake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah;rak Panjenengane ta kang tumindak mangkono?Aku babar pisan ora bisa turumarga saka paiting kasusahanku iku.

16. Dhuh Pangeran, inggih margi saking makaten punika manah kawula ngantos-antos dhumateng Paduka;Paduka mugi karsaa nemtremaken roh kawula,karsaa nyarasaken kawula, karsaa maluyakaken kawula!

17. Kasisahan ingkang pait punika sanyata dados kawilujengan kawula;Paduka ingkang njagi nyawa kawula supados boten kacemplung ing luwenging karisakan.Amargi Paduka sampun mbucal sakathahing dosa kawulangantos tebih saking ing ngarsa Paduka.

maca bab lengkap Yesaya 38