Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 38:10-16 Kitab Sutji (JAV)

10. Aku iki wus kandha: Umurku lagi separoaku kok kepeksa kudu lunga;ing saluwihe umurku ikuaku katimbalan menyang ing gapuraning jagade wong mati.

11. Aku pratela: aku ora bakal ndeleng Sang Yehuwah maneh ana ing nagarane wong urip;aku ora bakal ndeleng wong siji-sijia manehana ing satengahe para kang manggon ing donya.

12. Pondhok kang dakenggoni kabubrah lan kabukakkayadene tarubing pangon;kaya tukang tenun kang nggulung tenunaneanggonku mungkasi uripku;Pangeran Yehuwah ngethok nyawaku saka ing benanging urip.Wiwit siyang ngantos dalu Paduka ngendelaken kawula makaten kemawon.

13. Aku sesambat nyuwun tulung nganti esuk;kayadene singa, iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah ngremuk sakehing balungku;wiwit siyang ngantos dalu Padukangendelaken kawula makaten kemawon.

14. Kayadene manuk sriti, iya mangkono iku anggonku cat-cit,swaraku kethekur-kethekur kaya swaraning manuk dara.Mripatku kaya-kaya nganti entek marga saka anggonku tumenga ing ngaluhur,dhuh Pangeran, kawula sinangsara;Paduka mugi karsaa dados tanggelan tumrap kawula!

15. Apa ta kang bakal dakaturake lan dakucapake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah;rak Panjenengane ta kang tumindak mangkono?Aku babar pisan ora bisa turumarga saka paiting kasusahanku iku.

16. Dhuh Pangeran, inggih margi saking makaten punika manah kawula ngantos-antos dhumateng Paduka;Paduka mugi karsaa nemtremaken roh kawula,karsaa nyarasaken kawula, karsaa maluyakaken kawula!

maca bab lengkap Yesaya 38