Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 38:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalika samana Sang Prabu Hizkia kecandhak gerah nganti meh seda. Nabi Yesaya putrane Sang Amos nuli sowan marang ing ngarsane sarta munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Sira menehana piweling-piweling kang wekasan marang brayatira, awit sira bakal mati, ora bakal waras maneh.”

2. Sang Prabu Hizkia tumuli ngengokake wadanane marang tembok sarta ndedonga marang Sang Yehuwah,

3. unjuke: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti anggen kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya tuwin tulusing manah sarta anggen kawula sampun nindakaken punapa ingkang sae tumrap ing paningal Paduka.” Sawuse mangkono Sang Prabu Hizkia banjur muwun kepati-pati.

4. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Yesaya:

5. “Sira mangkata lan matura marang Hizkia: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal mewahi umurira limalas taun,

6. sarta Ingsun bakal ngluwari sira lan kutha iki saka ing tangane ratu ing Asyur tuwin bakal mageri kutha iki.

7. Iki kang bakal dadi pratandha saka ing Pangeran Yehuwah tumrap sira, yaiku manawa Sang Yehuwah bakal nindakake apa kang wus kajanjekake.

8. Lah ayang-ayanganing piranti pituduh srengenge gaweane Akhas bakal Sunundurake sapuluh tapak saka kang wus diliwati.” Ing kono piranti mau iya nuli nuduhake mundure srengenge sapuluh tapak saka kang wus dilakoni.

maca bab lengkap Yesaya 38