Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 37:35-38 Kitab Sutji (JAV)

35. Sarta Ingsun bakal mageri kutha iki supaya slamet, iku marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”

36. Kacarita Malekate Pangeran Yehuwah nuli miyos lan mejahi wong kang ana ing tarub-tarube Asyur satus wolung puluh lima ewu. Esuke umun-umun iku kabeh wus padha dadi jisim.

37. Marga saka iku Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, banjur bidhal kondur sarta lereb ana ing kutha Niniwe.

38. Ing sawijining dina nalika panjenengane lagi sujud sembahyang ana ing kabuyutane Nisrokh, allahe, banjur kasedanan kalawan pedhang dening para putrane, yaiku Pangeran Adramelekh lan Pangeran Sareser, kang nuli padha ngungsi menyang ing tanah Ararat, Pangeran Esarhadon, putrane kang banjur gumanti jumeneng ratu.

maca bab lengkap Yesaya 37