Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 37:3-21 Kitab Sutji (JAV)

3. Iku padha matur: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Hizkia: Dinten punika dinten karupekan, dinten paukuman saha kawirangan; sabab sampun dumugi ing lekipun badhe nglairaken jabang-bayi, nanging boten wonten kakiyatan kangge nglairaken.

4. Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget pangucapipun, sampun midhanget pangucapipun priyagung juru pangunjukan ingkang kautus dening ratu ing Asyur, gustinipun, supados ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, lajeng badhe paring paukuman, margi saking tembung-tembungipun ingkang sampun dipun pirengaken punika. Milanipun panjenengan kula aturi ndedonga kangge tirahan ingkang taksih kantun punika!”

5. Nalika para priyagung abdine Sang Prabu Hizkia wus sowan ing ngarsane Nabi Yesaya,

6. banjur padha dipangandikani dening Nabi Yesaya mangkene: “Sami kula aturi munjuk dhumateng gusti panjenengan: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira aja wedi marang tetembungan kang sira rungu kang diucapake dening para bature raja Asyur kanggo ngala-ala marang Ingsun iku.

7. Lah Ingsun bakal ngutus roh supaya manjingi dheweke, kang njalari banjur mulih menyang ing nagarane amarga krungu sawijining kabar; Ingsun bakal damel supaya raja iku ambruk mati dening pedhang ana ing nagarane dhewe.”

8. Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur tinemu lagi perang nglawan Libna; amarga wus mireng, yen Sang Prabu wus jengkar saka ing Lakhis.

9. Nalika samana Sang Prabu mireng kabar bab Sang Prabu Tirhaka, ratu nagara Etiopia, mangkene: “Panjenenganipun sampun pangkat badhe perang nglawan panjenengan dalem,” tumuli ngintunake utusan-utusan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kanthi kaweling mangkene:

10. “Sira padha matura marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda mangkene: Panjenengan sampun ngantos kenging dipun apusi dening Allah panjenengan ingkang panjenengan ugemi saha ingkang paring janji: Yerusalem ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.

11. Lah ta panjenengan sampun mireng bab punapa ingkang katandukaken dening para ratu ing Asyur dhumateng nagari-nagari sadaya, inggih punika sampun sami katumpes; punapa inggih panjenengan badhe kaluwaran?

12. Punapa para allahipun para bangsa ingkang sampun kasirnakaken dening leluhur kula, saged ngluwari bangsa-bangsa wau, inggih punika Gozan, Haran, Rezef tuwin para turunipun Eden ingkang wonten ing Telasar?

13. Wonten ing pundi ta ratu ing nagari Hamat saha Arpad, ratu ing kitha Sefarwaim, ratu ing nagari Hena sarta Iwa?”

14. Sang Prabu Hizkia tampi layang mau saka ing tangane para utusan, banjur kawaos; sawuse maos nuli lumebet ing padalemaning Sang Yehuwah sarta mbeber layang mau ana ing ngarsaning Yehuwah.

15. Sang Prabu Hizkira tumuli ndedonga ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, unjuke:

16. “Dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Gusti Allahipun Israel ingkang adhedhampar ing sanginggiling kerubim! Namung Paduka piyambak ingkang jumeneng dados Allahipun sakathahing karajan ing bumi; Paduka ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.

17. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nanggapaken talingan Paduka saha karsaa miyarsakaken; dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngelekaken paningal paduka saha karsaa mirsani; Paduka mugi karsaa midhangetaken sakathahing pitembunganipun Sanherib, ingkang kakintunaken kangge ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang.

18. Dhuh Yehuwah, para ratunipun nagari Asyur pancen sampun nyirnakaken sakathahing bangsa sanagarinipun,

19. saha allahipun sami kacemplungaken ing latu, amargi punika sanes Gusti Allah, nanging namung kadamel dening tanganing manungsa, kajeng tuwin sela, mila saged karisak dening tiyang.

20. Ingkang punika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, sapunika mugi Paduka karsaa nguwalaken kawula sadaya saking ing tanganipun, supados sakathahing karajan ing bumi sami sumerep, bilih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Pangeran Yehuwah.”

21. Nabi Yesaya bin Amos nuli utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kadhawuhan munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Bab apa kang wus sira unjukake marang Ingsun ana ing pandonga tumrap Sanherib, ratu ing Asyur,

maca bab lengkap Yesaya 37