Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 37:21-32 Kitab Sutji (JAV)

21. Nabi Yesaya bin Amos nuli utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kadhawuhan munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Bab apa kang wus sira unjukake marang Ingsun ana ing pandonga tumrap Sanherib, ratu ing Asyur,

22. mangkene pangandika kang wus kalairake dening Sang Yehuwah tumrap ratu iku:Kenya, yaiku putri ing Sion,wus ngremehake sira, wus moyoki sira;sarta putri ing Yerusalemwus gedheg-gedheg ana ing burinira.

23. Sapa kang sira cacad lan sira ala-ala iku?Sapa kang sira sumbari lan kang sira deleng kalawan gumunggung iku?Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel!

24. Sira wus nenacad Pangeran lumantar para baturira,sarta sira wus ngucap: Ingsun wus munggah ing papan-papankang dhuwur ing pagunungan, kalawan kretaningsun kang akeh cacahe,menyang papan kang adoh dhewe ing gunung Libanon;ingsun wus negori wit-wite eres kang gedhe dhuwur,wit-wite beros kang pilihan;ingsun wus lumebu ing panggonankang dhuwur kang ana ing poncot dhewe,menyang ing alase wit-witan kang ketel.

25. Ingsun iki wus ndhudhuk banyulan wus ngunjuk banyu;ingsun wus ngasatake sakehing kali ing tanah Mesirkalawan tlapaking sampeyaningsun!

26. Apa sira durung krungu,manawa wus suwe banget anggoningSun memtokake iku mau kabehlan wus wiwit jaman purwa anggoningSun ngrancang?Saiki iku Sunwujudake,yaiku anggonira gawe sepi mamringe kutha-kutha betengsira dadekake tumpukan watu,

27. dene wong-wong kang padha manggon ing kono kang tanpa dayabanjur padha kaget lan wirang;padha dadi kaya tetuwuhan ing ara-aralan kaya suket kang ijo,kaya suket kang ana ing payon,utawa kaya gandum kang alum sadurunge tuwa.

28. Ingsun mirsa, manawa sira tangi utawa lungguh,manawa metu utawa lumebu,utawa manawa sira ngamuk marang Ingsun.

29. Ing sarehne sira wus ngamuk marang Ingsun,lan tembung-tembungira kang gumunggungwus sumengka marang ing talinganingSun,mulane Ingsun bakal ngetrapake keluhingSun ing irungiratuwin kendhaliningSun ing lambenira,sarta Ingsun bakal ngulihake sira liwat ing dalan,kang sira liwati nalika teka.

30. Anadene iki kang bakal dadi tandhal tumrap sira, he Hizkia: Ing sajroning taun iki wong bakal mangan apa kang thukul dhewe, lan ing taun kang kapindho apa kang tuwuh saka tanduran kang kawitan, nanging ing sajroning taun kang katelu sira bakal nyebar, banjur panen gawe kebon anggur lan mangan wohe.

31. Panunggalane turune Yehuda kang padha bisa oncat, yaiku para wong kang isih kari, bakal ngoyod maneh mangisor sarta mandhuwur metokake woh.

32. Awit saka ing Yerusalem bakal metune wong-wong kang kari lan saka ing gunung Sion wong-wong kang bisa oncat; bentering panggalihe Yehuwah, Gustine sarwa dumadi kang bakal tumindak mangkono.

maca bab lengkap Yesaya 37