Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 37:18-25 Kitab Sutji (JAV)

18. Dhuh Yehuwah, para ratunipun nagari Asyur pancen sampun nyirnakaken sakathahing bangsa sanagarinipun,

19. saha allahipun sami kacemplungaken ing latu, amargi punika sanes Gusti Allah, nanging namung kadamel dening tanganing manungsa, kajeng tuwin sela, mila saged karisak dening tiyang.

20. Ingkang punika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, sapunika mugi Paduka karsaa nguwalaken kawula sadaya saking ing tanganipun, supados sakathahing karajan ing bumi sami sumerep, bilih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Pangeran Yehuwah.”

21. Nabi Yesaya bin Amos nuli utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kadhawuhan munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Bab apa kang wus sira unjukake marang Ingsun ana ing pandonga tumrap Sanherib, ratu ing Asyur,

22. mangkene pangandika kang wus kalairake dening Sang Yehuwah tumrap ratu iku:Kenya, yaiku putri ing Sion,wus ngremehake sira, wus moyoki sira;sarta putri ing Yerusalemwus gedheg-gedheg ana ing burinira.

23. Sapa kang sira cacad lan sira ala-ala iku?Sapa kang sira sumbari lan kang sira deleng kalawan gumunggung iku?Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel!

24. Sira wus nenacad Pangeran lumantar para baturira,sarta sira wus ngucap: Ingsun wus munggah ing papan-papankang dhuwur ing pagunungan, kalawan kretaningsun kang akeh cacahe,menyang papan kang adoh dhewe ing gunung Libanon;ingsun wus negori wit-wite eres kang gedhe dhuwur,wit-wite beros kang pilihan;ingsun wus lumebu ing panggonankang dhuwur kang ana ing poncot dhewe,menyang ing alase wit-witan kang ketel.

25. Ingsun iki wus ndhudhuk banyulan wus ngunjuk banyu;ingsun wus ngasatake sakehing kali ing tanah Mesirkalawan tlapaking sampeyaningsun!

maca bab lengkap Yesaya 37