Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 37:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. Punapa para allahipun para bangsa ingkang sampun kasirnakaken dening leluhur kula, saged ngluwari bangsa-bangsa wau, inggih punika Gozan, Haran, Rezef tuwin para turunipun Eden ingkang wonten ing Telasar?

13. Wonten ing pundi ta ratu ing nagari Hamat saha Arpad, ratu ing kitha Sefarwaim, ratu ing nagari Hena sarta Iwa?”

14. Sang Prabu Hizkia tampi layang mau saka ing tangane para utusan, banjur kawaos; sawuse maos nuli lumebet ing padalemaning Sang Yehuwah sarta mbeber layang mau ana ing ngarsaning Yehuwah.

15. Sang Prabu Hizkira tumuli ndedonga ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, unjuke:

16. “Dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Gusti Allahipun Israel ingkang adhedhampar ing sanginggiling kerubim! Namung Paduka piyambak ingkang jumeneng dados Allahipun sakathahing karajan ing bumi; Paduka ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.

17. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nanggapaken talingan Paduka saha karsaa miyarsakaken; dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngelekaken paningal paduka saha karsaa mirsani; Paduka mugi karsaa midhangetaken sakathahing pitembunganipun Sanherib, ingkang kakintunaken kangge ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang.

18. Dhuh Yehuwah, para ratunipun nagari Asyur pancen sampun nyirnakaken sakathahing bangsa sanagarinipun,

19. saha allahipun sami kacemplungaken ing latu, amargi punika sanes Gusti Allah, nanging namung kadamel dening tanganing manungsa, kajeng tuwin sela, mila saged karisak dening tiyang.

20. Ingkang punika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, sapunika mugi Paduka karsaa nguwalaken kawula sadaya saking ing tanganipun, supados sakathahing karajan ing bumi sami sumerep, bilih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Pangeran Yehuwah.”

21. Nabi Yesaya bin Amos nuli utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kadhawuhan munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Bab apa kang wus sira unjukake marang Ingsun ana ing pandonga tumrap Sanherib, ratu ing Asyur,

22. mangkene pangandika kang wus kalairake dening Sang Yehuwah tumrap ratu iku:Kenya, yaiku putri ing Sion,wus ngremehake sira, wus moyoki sira;sarta putri ing Yerusalemwus gedheg-gedheg ana ing burinira.

maca bab lengkap Yesaya 37