Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 37:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Sang Prabu Hizkia mireng kang mangkono iku, sanalika iku uga banjur nyuwek-nyuwek pangagemane, sarta banjur sesingeb bagor tuwin tumuli lumebet ing padalemaning Yehuwah.

2. Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna sekretaris nagara tuwin para tetuwaning imam uga banjur kautus sowan ing ngarsane Nabi Yesaya bin Amos, kalawan mangagem bagor.

3. Iku padha matur: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Hizkia: Dinten punika dinten karupekan, dinten paukuman saha kawirangan; sabab sampun dumugi ing lekipun badhe nglairaken jabang-bayi, nanging boten wonten kakiyatan kangge nglairaken.

4. Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget pangucapipun, sampun midhanget pangucapipun priyagung juru pangunjukan ingkang kautus dening ratu ing Asyur, gustinipun, supados ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, lajeng badhe paring paukuman, margi saking tembung-tembungipun ingkang sampun dipun pirengaken punika. Milanipun panjenengan kula aturi ndedonga kangge tirahan ingkang taksih kantun punika!”

maca bab lengkap Yesaya 37