Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 36:3-15 Kitab Sutji (JAV)

3. Ing kono Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna, sekretaris nagara lan Sang Yoah bin Asaf, hartaka nagara, padha medali manggihi priyagung juru pangunjukan mau.

4. Priyagung juru pangunjukan banjur ngandika: “Panjenengan sami kula aturi munjuk dhateng Sang Prabu Hizkia: Makaten pangandikanipun nata-agung, ratu ing Asyur: Pangandel apa ta kang sira gondheli iki?

5. Pangiranira mung pangucaping lambe bae wus bisa dadi rancangan lan kakuwataning perang! Saiki, sira mbalela marang ingsun iku, sapa kang sira tenga-tenga?

6. Kang sira tenga-tenga iku sanyatane teken pring kang wus pepes tumungkul, yaiku Mesir kang bakal nyubles lan nembus tangane wong kang teteken iku. Kaya mangkono iku kaanane Pringon, ratu ing Mesir, tumrap sakehing wong kang ngandelake dheweke.

7. Lan manawa sira matur marang ingsun: Ingkang sami kawula andelaken punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake dening Hizkia kalawan pratela marang Yehuda lan Yerusalem: Sira kabeh kudu sujud lan nyembah ing ngarepe misbyah iki!

8. Milanipun sapunika sumangga sami kula aturi totohan kaliyan gusti kula, ratu ing Asyur: Kula badhe nyaosi panjenengan kapal kalih ewu, manawi panjenengan sagah maringi tiyang-tiyangipun ingkang numpaki.

9. Kadospundi anggen panjenengan saged ngawonaken tetindhihipun gusti kula satunggal kemawon ingkang asor piyambak? Mangka panjenengan ngendelaken Mesir ing bab kreta tuwin prajuritipun kapalan!

10. Lah sapunika, punapa anggen kula majeng nglawan nagari punika saha anggen kula badhe nyirnakaken nagari punika, punika boten margi saking karsaning Pangeran Yehuwah? Pangeran Yehuwah sampun ngandika dhateng kula: Mangkata, tempuhen nagara iku lan sirnakna!”

11. Sang Elyakim, Sang Sebna lan Sang Yoah nuli mangsuli marang priyagung juru pangunjukan iku mangkene: “Sumangga kawula aturi ngandika mawi basa Aram dhateng ingkang abdi punika, awit kawula sami mangretos; nanging sampun ngandika dhateng kawula sadaya mawi basa Yehuda, mindhak dipun pirengaken dening rakyat ingkang wonten ing sanginggiling tembok.”

12. Nanging priyagung juru pangunjukan ngandika: “Punapa gusti kula anggenipun ngutus kula nglantaraken pangandika punika namung dhateng gusti panjenengan lan dhateng panjenengan kemawon? Rak inggih dhateng para tiyang ingkang sami linggih ing nginggil tembok ugi, ingkang sami nedha sesukeripun tuwin ngombe toya turasipun piyambak sesarengan kaliyan panjenengan sadaya punika?”

13. Sawuse mangkono priyagung juru pangunjukan mau banjur jumeneng lan nguwuh-uwuh kalawan swara seru ngagem basa Yehuda, pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane ratu kang agung, ratu ing nagara Asyur!

14. Mangkene pangandikane Sang Prabu: Kowe aja nganti padha kena diapusi dening Hizkia, sabab iku ora bisa ngluwari kowe kabeh.

15. aja padha gelem diajak Hizkia ngendelake Pangeran Yehuwah kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah mesthi bakal ngluwari kita: kutha iki ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.

maca bab lengkap Yesaya 36