Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 36:12-20 Kitab Sutji (JAV)

12. Nanging priyagung juru pangunjukan ngandika: “Punapa gusti kula anggenipun ngutus kula nglantaraken pangandika punika namung dhateng gusti panjenengan lan dhateng panjenengan kemawon? Rak inggih dhateng para tiyang ingkang sami linggih ing nginggil tembok ugi, ingkang sami nedha sesukeripun tuwin ngombe toya turasipun piyambak sesarengan kaliyan panjenengan sadaya punika?”

13. Sawuse mangkono priyagung juru pangunjukan mau banjur jumeneng lan nguwuh-uwuh kalawan swara seru ngagem basa Yehuda, pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane ratu kang agung, ratu ing nagara Asyur!

14. Mangkene pangandikane Sang Prabu: Kowe aja nganti padha kena diapusi dening Hizkia, sabab iku ora bisa ngluwari kowe kabeh.

15. aja padha gelem diajak Hizkia ngendelake Pangeran Yehuwah kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah mesthi bakal ngluwari kita: kutha iki ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.

16. Aja padha ngrungokake tembunge Hizkia, sabab mangkene pangandikane ratu ing Asyur: Padha nganakna prajanjian kalawan ingsun minangka tandhaning teluk lan padha metua sowana ing ngarsaningsun, nuli saben wong panunggalanira bakal mangan wohing wite anggur tuwin wohing wite anjir dhewe sarta ngombe banyuning sumure dhewe,

17. nganti sarawuhingsun mboyongi sira kabeh menyang ing nagara kang kaya nagaranira, nagara kang murah gandum lan anggur, nagara kang sugih roti lan pakebonan anggur.

18. Sira aja padha nganti kena dibujuk dening Hizkia kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah bakal ngluwari kita! Apa tau kelakon para allahe bangsa-bangsa padha ngluwari nagarane dhewe-dhewe saka ing astane ratu ing Asyur?

19. Endi allah-allahe nagara Hamat lan Arpad? Endi para allahe nagara Sefarwaim? Apa wus padha nguwalake Samaria saka ing astaningsun?

20. Panunggalane para allahe nagara-nagara iki sapa kang wus ngluwari negarane saka astaningsun, lah kok Sang Yehuwah sagah ngluwari Yerusalem saka ing astaningsun?”

maca bab lengkap Yesaya 36