Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 35:4-10 Kitab Sutji (JAV)

4. Kandhaa marang para wong kang kuwatir atine:“Sing padha tatag, aja padha wedi!Lah Allahmu bakal rawuh arep paring piwaleslan ganjaraning Allah.Panjenengane piyambak kang rawuharep nguwalake kowe kabeh.”

5. Ing wektu iku mripate para wong wuta bakal padha kaelekake,lan kupinge para wong budheg bakal padha kabukak.

6. Ing wektu iku wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya menjangan,tuwin cangkeme wong bisu bakal surak-surak;amarga ara-ara samun bakal metokake sumber,sarta pasamunan bakal ana kaline;

7. tanah pawedhen kang anget bakal dadi blumbang,lan tanah kang ngerak bakal dadi sumber;papan pandhodhotaning asu ajagbakal kathukulan tebu lan pandhan.

8. Ing kono bakal ana lurunge,kang bakal kaaranan Dalan Suci;wong kang najis ora bakal liwat ing konosarta para wong gemblung ora bakal padha kluyuran mrono.

9. Ing kono bakal ora ana singane,kewan galak ora bakal saba mronotuwin ora bakal tinemu ana ing kono;mung para wong kang wus padha kaluwarankang bakal padha lumaku ing kono,

10. lan para wong kang wus kauwalandening Pangeran Yehuwah kang bakal padha mulihtuwin lumebu ing Sion kalawan surak-surak,kanthi kapenuhan ing kabungahan kang langgeng;bakal padha kebak ing kasenengan la sukarena,kasusahan lan pasambat bakal padha ngedoh.

maca bab lengkap Yesaya 35