Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 35:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Ara-ara samun lan palemahan mati bakal padha bungah,pasamunan bakal surak-surak lan metokake kembang;

2. bakal metu kembange akeh banget kaya kembang mawar,bakal surak-surak, bakal surak-surak lan sumyak-sumyak.Bakal kaparingan kamulyaning Libanonkaluhuraning Karmel lan Saron;bakal padha ndeleng kamulyaning Yehuwah,kaluhuraning Allah kita.

3. Tangan kang lemes lempe-lempe padha kuwatnalan dhengkul kang theklok pada santosakna.

4. Kandhaa marang para wong kang kuwatir atine:“Sing padha tatag, aja padha wedi!Lah Allahmu bakal rawuh arep paring piwaleslan ganjaraning Allah.Panjenengane piyambak kang rawuharep nguwalake kowe kabeh.”

5. Ing wektu iku mripate para wong wuta bakal padha kaelekake,lan kupinge para wong budheg bakal padha kabukak.

6. Ing wektu iku wong lumpuh bakal mlumpat-mlumpat kaya menjangan,tuwin cangkeme wong bisu bakal surak-surak;amarga ara-ara samun bakal metokake sumber,sarta pasamunan bakal ana kaline;

7. tanah pawedhen kang anget bakal dadi blumbang,lan tanah kang ngerak bakal dadi sumber;papan pandhodhotaning asu ajagbakal kathukulan tebu lan pandhan.

maca bab lengkap Yesaya 35