Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 34:12-17 Kitab Sutji (JAV)

12. Jim-jim bakal manggon ana ing kono,lan para panggedhe bakal wus ora ana maneh;wus ora ana maneh kang bakal kajumenengake dadi ratu ing kono,tuwin sakehe panggedhene wus padha sirna.

13. Eri bebondhotan bakal thukul ing puri-purine,lan suket saarta piskucing ana ing beteng-betenge,satemah dadi papan padununganing asu ajag,tuwin dadi panggonaning manuk unta.

14. Kewan pasamunan bakal padha pethukan karo asu alas,sarta jim bakal tetemonan karo kancane ana ing kono;memedi bakal ana ing konotuwin bakal oleh papan panggonan.

15. Ula wit-witan padha nusuh lan ngendhog ana ing konotuwin angrem nganti edhoge padha netes;manuk beri padha krompolan ana ing kono,padha jodhon-jodhon.

16. Golekana ana ing kitabe Sang Yehuwah lan wacanen;makhluk-makhluk iku mau kabehsiji bae ora ana kang ora ana,ora ana kang kelangan kancane;amarga mangkono dhawuh kang miyos saka ing tutuke Pangeran Yehuwah,sarta Rohe Sang Yehuwah piyambak kang nglempakake iku kabeh.

17. Panjenengane piyambak wus mbucal undhilan mbage-mbage nagara iku marang para makhluk mau kalawan tali ukuran;makhluk-makhluk mau bakal manggon ing kono nganti ing salawas-lawaselan ana ing kono turun-tumurun.

maca bab lengkap Yesaya 34