Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 34:11-17 Kitab Sutji (JAV)

11. Banyak gondhok lan landhak kang bakal manggon ing kono.manuk beluk lan gagak bakal dumunung ana ing kono.Pangeran Yehuwah bakal ndadosake worsuh nagara ikusarta kadadosake suwung ngetrepi rancangane.

12. Jim-jim bakal manggon ana ing kono,lan para panggedhe bakal wus ora ana maneh;wus ora ana maneh kang bakal kajumenengake dadi ratu ing kono,tuwin sakehe panggedhene wus padha sirna.

13. Eri bebondhotan bakal thukul ing puri-purine,lan suket saarta piskucing ana ing beteng-betenge,satemah dadi papan padununganing asu ajag,tuwin dadi panggonaning manuk unta.

14. Kewan pasamunan bakal padha pethukan karo asu alas,sarta jim bakal tetemonan karo kancane ana ing kono;memedi bakal ana ing konotuwin bakal oleh papan panggonan.

15. Ula wit-witan padha nusuh lan ngendhog ana ing konotuwin angrem nganti edhoge padha netes;manuk beri padha krompolan ana ing kono,padha jodhon-jodhon.

16. Golekana ana ing kitabe Sang Yehuwah lan wacanen;makhluk-makhluk iku mau kabehsiji bae ora ana kang ora ana,ora ana kang kelangan kancane;amarga mangkono dhawuh kang miyos saka ing tutuke Pangeran Yehuwah,sarta Rohe Sang Yehuwah piyambak kang nglempakake iku kabeh.

17. Panjenengane piyambak wus mbucal undhilan mbage-mbage nagara iku marang para makhluk mau kalawan tali ukuran;makhluk-makhluk mau bakal manggon ing kono nganti ing salawas-lawaselan ana ing kono turun-tumurun.

maca bab lengkap Yesaya 34