Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 34:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. He para bangsa, padha nyedhaka lan ngrungokna,lan padha nggatekna, he para suku bangsa!Bumi dalah saisine kabeh prayoga padha krungu,uga jagad lan kabeh kang tuwuh saka ing kono.

2. Sabab Sang Yehuwah duka marang sakehing bangsa,lan benter ing panggalih marga saka wadya-balane;iku wus padha kadhewekake bakal katumpeslan kapasrahake supaya padha disembeleh.

3. Wong kang mati dipateni bakal kabuwang,lan bathange bakal padha mambu blarongan;gunung-gunung bakal padha kabanjiran getihe.

4. Sakehe wadya-bala ing langit bakal tumpes,tuwin langit bakal kagulung kaya layang gulungan,kabeh wadya-balane bakal gugurkaya godhong kang padha gogrog saka ing wit anggur,lan kaya gogroge godhong anjir.

5. Sabab pedhangingSun kang ana ing langit wus ngamuk,delengen, iku wus tumurun ngakimi Edom,bangsa kang wus Sunpiyambakake supaya katumpes.

6. Pangeran Yehuwah kagungan pedhang kang kuthah getihlan gupak gajih akeh banget,yaiku getihe cempe-cempe lan wedhus-wedhus lanangtuwin gajihe ginjeling wedhus-wedhus gembel lanang.Awit Sang Yehuwah nganakake kurban sembelehan ana ing Bozralan pasembelehan gedhe ana ing tanah Edom.

7. Bantheng-bantheng bakal padha ambruk mati bebarengan karo wedhus gembel lan wedhus liyane mau,lan sapi-sapi lanang kang enom bebarengan karo sapi-sapi lanang kang prakosa,nagarane bakal warata karesepan ing getih,sarta tanahe kebak gajih.

8. Awit Pangeran Yehuwah ndhatengake dina tumibaning piwaleslan taun anggone ndhawahake paukuman marga saka prakarane Sion.

9. Kali-kaline Edom bakal malih dadi kali latung,tuwin lemahe dadi walirang;nagarane bakal dadi latung kang murub makantar-kantar.

10. Rina wengi ora bakal mati-mati,kukuse kumelun salawas-lawase.Nagara iku bakal dadi jugrugan turun-tumurun,tuwin sabanjure ora bakal ana wong kang liwat ing kono.

maca bab lengkap Yesaya 34