Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 32:13-17 Kitab Sutji (JAV)

13. padha tangisana tanahe bangsakukang kathukulan grumbul eri lan piskucing,malah uga sakehe omahmu, panggonan kang kanggo bungah-bungahing kutha kang kebak kasenengan.

14. Awit purimu wus kasuwungakelan ramening kuthamu wus malih dadi sepi.Tenggere lan panggungewus dadi tanah rata ing salawas-lawase,dadi papaning kabungahan kuldi alassarta pangonaning pepanthan kewan.

15. Nganti kita padha kaesokan ing Roh saka ing dhuwur;pasamunan banjur dadi kebon wowohan,tuwin kebon wowohan iku bakal kaanggep alas.

16. Ing pasamunan bakal tansah ana kaadilanlan ing kebon wowohan bakal tetep ana kabeneran.

17. Ing ngendi ana kabeneran ing kono bakal ana tentrem rahayu,mangka wahananing kabeneran iku kaayemanlan katentreman kanggo ing salawas-lawase.

maca bab lengkap Yesaya 32