Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 32:10-18 Kitab Sutji (JAV)

10. Ing sajroning sataun punjulkowe bakal padha gumeter,he para wong kang padha urip kanthi tentrem,amarga panene woh anggur wus entek rusak,lan panen wowohan liyane uga ora ana.

11. Padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi ayem,padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi tentrem,selehna lan cucula sandhanganmu,padha manganggoa bagor ing lambungmu!

12. Padha tangisana pategalanmu kang endah,tuwin witmu anggur kang tansah mbiyet wohe,

13. padha tangisana tanahe bangsakukang kathukulan grumbul eri lan piskucing,malah uga sakehe omahmu, panggonan kang kanggo bungah-bungahing kutha kang kebak kasenengan.

14. Awit purimu wus kasuwungakelan ramening kuthamu wus malih dadi sepi.Tenggere lan panggungewus dadi tanah rata ing salawas-lawase,dadi papaning kabungahan kuldi alassarta pangonaning pepanthan kewan.

15. Nganti kita padha kaesokan ing Roh saka ing dhuwur;pasamunan banjur dadi kebon wowohan,tuwin kebon wowohan iku bakal kaanggep alas.

16. Ing pasamunan bakal tansah ana kaadilanlan ing kebon wowohan bakal tetep ana kabeneran.

17. Ing ngendi ana kabeneran ing kono bakal ana tentrem rahayu,mangka wahananing kabeneran iku kaayemanlan katentreman kanggo ing salawas-lawase.

18. Bangsaku bakal manggon ing papaning karukunan,ing papan panggonan kang tentreming papan palerenan kang slamet.

maca bab lengkap Yesaya 32