Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 28:7-19 Kitab Sutji (JAV)

7. Nanging sanadyan wong-wong ing keneiya padha mumet marga saka anggurlan ngelu marga saka arakImam utawa Nabimumet marga saka arak,bingung marga saka anggur;padha mumet marga saka arak,mumet nalika weruh wahyu,sempoyongan nalika aweh putusan.

8. Lah mejane kabeh kebak utah-utahan lan rereged,temahan ora ana kang resik maneh.

9. Wong banjur celathu:“Sapa sing arep diwulang bab kawruhelan sapa sing bakal diwenehi katrangan bab wahyu-wahyune?Kaya-kaya bocah sapihan anyarkang lagi kabethot saka susu!

10. Sabab kudu iki kudu iku,kudu mangkene kudu mangkono,wuwuh iki, wuwuh iku!”

11. Lah lumantar para wong kang kedaling celathune anehlan lumantar para wong kang migunakake basa mancaPanjenengane bakal paring pangandika marang bangsa mau,

12. Panjenengane kang wus ngandikani mangkene:“Yaiki papan palerenan,sira menehana papan kanggo ngasomarang wong kang kesayahen;iku papan kanggo ngaso!”Nanging padha ora gelem ngrungokake.

13. Mulane bakal padha ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Kudu iki, kudu iku,kudu mangkene, kudu mangkono,wuwuh iki, wuwuh iku!”supaya sajrone lumaku banjur padha tiba kelumah,satemah tatu, kecekel lan ketawan.

14. Mulane rungokna pangandikane Sang Yehuwah,he para wong kang padha seneng nenacad,he para wong kang mrentah rakyatkang ana ing Yerusalem iki!

15. Ing sarehne kowe wus padha ngucap:“Aku wus padha nganakake prajanjian karo pati,lan karo jagading patiaku wus padha nganakake pasarujukan;sanadyan cemethi acethar-cether seru,ora bakal ngenani aku kabeh;amarga si goroh wus padha dakdadekake pangayomanku,sarta aku padha asingidan ana ing doracara,”

16. mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Lah Ingsun mrenahake ana ing Sionsawijining watu, watu kang wus ketitik becik minangka tetales,watu pepojok kang larang, tetales kang santosa:sing sapa pracaya, ora bakal goreh!

17. Lan kaadilan bakal Sundadosake tali ukuran,sarta kabeneran Sundadekake tali panyipat;udan watu bakal nyirnakake pangayoman goroh,tuwin banyu gedhe bakal nglarudake pandhelikan.”

18. Prajanjianmu kalawan pati bakal kasuwak,lan pasarujukanmu kalawan jagading wong mati ora bakal terus tumindak;manawa cemethi acethar-cether seru,kowe bakal padha remuk kaidak-idak.

19. Kaping pira bae anggonira teka,kowe bakal padha kaseret,sabab iku bakal teka saben esuk,ing wektu awan lan ing wektu bengi;sarta mangreti marang pangandika kang dirungu ikuateges mung pagiris thok.

maca bab lengkap Yesaya 28