Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 28:26-29 Kitab Sutji (JAV)

26. Bab adat pakulinan wus kaparingan piwulang,lan pituduh dening Allahe.

27. Amarga jinten ireng ora karontogake nganggo piranti pangrontogan,lan rodhaning grobag ora kanggo nggiles jinten putih,nanging jinten ireng karontogan kanthi patrap digedhig kalawan watang,lan jinten putih kalawan gebug.

28. Apa wong anggone ngrontogi iku gandume digebugi nganti ajur?Mesthi ora, ora terus bae digebugi nganti ajur!Lan sanadyan wong nglakokake ing dhuwure gandum maujantrane grobag kalawan jarane,nanging anggone nggiles ora bakal nganti ajur.

29. Sarta iki pinangkane uga saka Sang Yehuwah Gustining sakehe dumadi;pepesthene iku eloklan gedhe kawicaksanane.

maca bab lengkap Yesaya 28