Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 28:17-24 Kitab Sutji (JAV)

17. Lan kaadilan bakal Sundadosake tali ukuran,sarta kabeneran Sundadekake tali panyipat;udan watu bakal nyirnakake pangayoman goroh,tuwin banyu gedhe bakal nglarudake pandhelikan.”

18. Prajanjianmu kalawan pati bakal kasuwak,lan pasarujukanmu kalawan jagading wong mati ora bakal terus tumindak;manawa cemethi acethar-cether seru,kowe bakal padha remuk kaidak-idak.

19. Kaping pira bae anggonira teka,kowe bakal padha kaseret,sabab iku bakal teka saben esuk,ing wektu awan lan ing wektu bengi;sarta mangreti marang pangandika kang dirungu ikuateges mung pagiris thok.

20. Sabab paturon bakal kurang dawa manawa kanggo turu slonjorlan kemule bakal kurang amba kanggo ngemuli awak.

21. Sabab Pangeran Yehuwah bakal jumeneng kaya ana ing gunung Perasim,tuwin bakal bendu kaya ana ing lebak ing sacedhake Gibeon,sarta bakal nindakake pakaryane -- aneh pakaryane iku;lan bakal nindakake pakaryane -- aneh pakaryane iku!

22. Mulane kowe aja padha nenacad,supaya talining bebandanmu aja saya kenceng,awit aku krungu bab karusakan kang wus tinamtokakekang pinangkane saka Pangeran Gusti Allah ing sarwa tumitah kang bakal tumempuh marang saindenging nagara iku.

23. Tilingna lan rungokna swaraku;gatekna lan rungokna tembungku!

24. Apa saben dina wong iku anggone mluku,maculi lan nggaru tanahe kang bakal disebari wiji?

maca bab lengkap Yesaya 28